Sabtu, 20 Juli 2013

1. WEDHUS IRENG APA WEDHUS PUTIH ?



Kemplu sing agi kuliah nang Fakultas Peternakan dina kuwe arep nganakna penelitian. Sing diteliti kuwe peternakan wedhus. Dheweke mangkat meng ndesa ndilalah nang lapangan sing akeh sukete, dheweke weruh wong agi angon wedhus. “Wah ana wong agi angon wedhus lumayan kena nggo tambah-tambah data” batine Kemplu.

Kemplu terus medeki wong angon mau, mbanjur takon, “ Mas, inyong melu takon ya,” Kemplu mulai ngobrol. ”Ya olih, arep takon apa?” wong sing angon sing duwe jeneng Daplun semaur.

Kemplu terus ngenalna awake dhewek, mahasiswa sing agi penelitian, sing diterusna karo pitakonan ngumpulna data. “Wedhuse mas Daplun sehat-sehat ya, mangane apa sih?” Kemplu mulai takon. “Sing endi ndhisit ... sing ireng apa sing putih?“ Daplun ngomong. “Anu sing ireng sit ya kena,” Kemplu semaur. “Nek sing ireng mangane suket nang lapangan kae,” Daplun njelasna. “Ohh... lah nek sing putih?” Kemplu takon maning.” Sing putih ya padha baen,“ Daplun semaur maning.

“Wedhuse angger manak, ngasi pira anake?” Kemplu aweh pitakon liyane. “Sing endi ndhisit ...? sing ireng apa sing putih” Daplun balik takon. “Mmmm sing ireng sit ya kena,” Kemplu ngomong. “Nek sing ireng angger manak ngasi lima,” Daplun semaur. “Lah nek sing putih?” Kemplu takon maning. “Sing putih ya padha baen,” Daplun semaur maning.

Krungu kaya kuwe Kemplu mulai mandan kesuh. “Wedhuse sih ngasilna susu ora?” Kemplu takon. “Sing endi ndhisit ...? sing ireng apa sing putih” Daplun balik takon. “Sing putih sit bae,” Kemplu sing wis mulai jengkel ngomonge madan seru. “Nek sing putih akeh, susune bisa ngasi rong liter ben dinane,” Daplun semaur . “Lah nek sing ireng?” Kemplu takon maning. “Sing ireng ya padha baen,” Daplun semaur maning.

“Mas-se jan-jane anu kepriwe sih, aben ditakoni ndedekan ngomong sing putih sit apa sing ireng, nek ujung-ujunge jawabe padha baen?” Kemplu takone wis mulai kesuh. “Aja kesuh ya Mas, soale kaya kiye. Sing ireng kuwe sing nduwe inyong,”. “Oh kaya kuwe ya Mas, ngapurane inyong miki emosi, lah nek sing putih sih?” Kemplu takon. “Sing putih ya pada baen,” Daplun semaur kaya ora krasa salah.(*)

( Sumber : Radar Banyumas, 13 Juli 2013 )

Baca juga :  Humor 2. Pembantu Minta Naik Gaji